Pages

Diberdayakan oleh Blogger.

Kamis, 11 Juli 2013

Dongeng Anak Usia Dini (Basa Jawa)

https://blogger.googleusercontent.com/img/b/R29vZ2xl/AVvXsEgT1NFKdDRdgrSBREAMdQFjsijTHaH2VrzwixH29YnWm4-YwjFq-6uudou1kxkM2rK2rhlHlAqP1JFDcAmlhWhEDs8CTeXP7G3KWzRiCXgmgPTQz6BmLCg_XgTOdw3HAPxwFlTIckjg738/s1600/Dongeng+bahasa+jawa+merak+kancil+h-e-r-u.blogspot.com.jpg
Merak pancen seneng macak. Mula tansah nengsemake. Wulune katon edi, gawe resep kang padha nyawang. Mula ora sithik tangga-teparo padha mara nyang omahe Merak saperlu sinau ngadi busana lan ngadi salira.“Aku pengin supaya bisa nduweni sandhangan wulu kaya kowe, Rak,” ujare Kancil marang Merak.“Sandhangan wulu kang tememplek ing awakku iki paringane Gusti Kang Akarya Jagad. Aku mung tinanggenah ngrumat lan njaga supaya tetep katon endah,” wangsulane Merak kanthi sareh. “Anggonku seneng dandan lan ngupakara kaendahan iki mung wujud rasa syukurku marang Gusti!” bacute tanpa linandhesan rasa umuk.“Supaya wuluku bisa dadi kaya wulumu, piye carane?” pitakone Kancil.
“Tangeh lamun, Cil! Aku-kowe ki mung saderma nglakoni. Apa kang dadi peparinganing Pangeran kudu tinampa kanthi ati segara,” wangsulane Merak. “Karo maneh kabeh sing tememplek ana saranduning badan iki, mesthi piguna marang awake dhewe. Kang ana ing aku ora durung mesthi ana ing kowe, semono uga kosok baline, Cil. Wulu soklatmu kuwi mesthi piguna tumrapmu!”
Nanging Kancil sajak wingi nyawang kaendahan wulune Merak. “Piguna apa?” Sawise megeng napas sawetara banjur nggrundel, “Senajan piguna, nyatane wuluku letheg! Aku luwih bungah yen wuluku bisa kaya wulumu! Saben kewan ora sebah nyawang!”“Kuwi rak mung saka panggraitamu dhewe. Nanging ora kok, Cil!” sahute Merak. “Sebab saben kewan ginaris dhewe-dhewe! Uga bab wulu! Wulu-wuluku kaya ngene, wulu-wulumu kaya ngono, wulune Macan, wulune Gajah, lan sato kewan liyane ora ana sing padha!”
Senajan akeh-akeh Merak anggone ngandhani, nanging ora bisa mbendung pepenginane Kancil nduweni wulu kaya wulu Merak. “Sakarepmu anggonmu kandha, Rak! Mung aku njaluk tulung supaya aku bisa nduweni wulu kaya kowe!” kandhane Kancil setengah meksa.
Merak gedheg-gedheg gumun karo kekarepane Kancil. “Saupama bisa, terus mengko kowe dadi kewan apa?” pitakone Merak.“Kewan apa wae terserah sing arep ngarani! Mung kira-kira bisa ta, Rak?” pitakone Kancil ngoyak, ora sabar.“Bisa wae, nanging mung imitasi! Pasangan!”“Ora masalah!” Kancil bungah. “Ndang dipasang!” panjaluke kesusu.“Ya sabar, Cil! Aku kudu nglumpukake bodholane wuluku lan wulu-wulune wargaku.”“Terus kapan?”“Udakara rong mingguan.”“Tak tunggu, Rak, ujare Kancil banjur nerusake lakune. Merak mung nyawang kanthi mesem, “Cil, Kancil. Yen duwe kekarepan kok ngudung, tanpa metung tuna lan bathine. Kudu tak udaneni kekarepane, ngiras kanggo menehi piwulang marang dheweke.”Tekan dina sing dijanjekake, esuk uthuk-uthuk Kancil wis tekan omahe Merak. “Piye, Rak? Iki wis rong minggu!”“Beres!” jawabe Merak karo nata wulu-wulu sing wis diklumpukake, “Gilo! Wulu-wulu wis mlumpuk, malah wis dakdhewek-dhewekake! Wulu awak, wulu swiwi, wulu buntut, aku uga wis golek tlutuh wit karet barang minangka kanggo nemplekake ing badanmu!”.
“Wis gek ndang dipasang nyang awakku!” ujare Kancil karo lungguh dhingklik sacedhake Merak.Merak banjur ngoser-oseri kabeh kulite Kancil nganggo tlutuh karet. Bareng kawawas.
wis ora ana sing keri, baka siji Merak nemplekake wulu-wulu nut karo kebutuhane. Wulu gulu ditemplekake ing gulu, wulu awak ing awak, wulu sikil ing sikil, dene wulu buntut uga dipasang ing buntute Kancil.Sedina natas, kabeh wulu wis kapasang ing kulite Kancil.“Rampung, Cil,” ujare Merak mesem. “Kae ana pengilon, ndang ngiloa!”Kancil banjur ngilo. Weruh kahanan awake, dheweke mongkog, “Iki sing dakkarepake!” celathune. “Aku bakal dadi salah sijining kewan kang paling endah!”“Bener kandhamu, Cil. Tur ora ana sing madhani!” Merak mbombong. “Mung aja nganti kaendahan mau malah ngreridhu lakumu,” bacute ngelingake.“Ngreridhu piye? Wong apike kaya ngene kok ngreridhu.”“Lho, wulu-wulu kuwi mung templekan. Cetha bakal ngebot-eboti awakmu!”Kancil ora nggagas, malah gage pamitan. “

Wis, Rak. Aku pamit! Lan nedha nrima awit saka kabecikanmu, aku selak pengin mamerke kahananing awakku saiki!”“Sing ati-ati, Cil,” kandhane Merak karo nguntapake Kancil metu saka omahe.Metu saka platarane Merak, Kancil mlaku lon-lonan. Bokonge digidal-gidulake, pamrihe supaya bisa mamerake wulune kang apik tur edi. Saben ketemu sato, Kancil tansah mesem karo aruh-aruh sombong. Dene sing diaruhi uga genti mesem, mung eseme esem geli. Geli amarga weruh kahanan kang ora lumrah. Nanging tumrap Kancil esem mau tinampa beda, “Kabeh kewan padha kesengsem lan kepincut karo aku,” ujare jroning ati.Nanging sengsem, edi, lan endah mau ora suwe. Bareng tlutuh karet mau garing, kulite Kancil dadi kaku nyekengkeng. Akibate sikil, gulu, lan buntute angel diobah-obahake. Kancil mung bisa njegreg ngececer, ora bisa lumaku.“Tulung! Tulung! Tuluuung!” pambengoke sabisa-bisane.“Ana apa, Cil?” pitakone Merak krungu pambengoke Kancil.“Gage tulungana aku, saranduning badanku angel diobahake!”“Kabeh wulu sing nemplek ing awakmu kudu dicopot kabeh, kowe gelem?”“Gelem, Rak!” ujare Kancil nglenggana marang apa sing wis dilakoni. Dheweke eling menawa kabeh paringane Gusti mono kudu tansah disyukuri. Apik, edi, lan endah tumraping sesawangan kadhang bisa ngganggu utawa mbilaheni. Alon-alon, Merak mbubuti wulu sing
wis kebacut kraket ing awake Kancil. Senajan ngrasakake perih amarga sebagian kulite ana sing katut thethel, Kancil mung mringis-mringis karo ngempet lara. Ora sambat. Ndhadha tumindake kang salah merga mung nuruti karepe dhewe, tanpa metung tuna lan bathine.


RENCANA KEGIATAN HARIAN (RKH)

Tema                                       : Binatang
Subtema                                  : Binatang Peliharaan (Binatang yang terbang)
Hari/tanggal                            : Selasa, 18 Desember 2012
Kelompok/semester                : B / II
Bidang pengembangan          : Pembiasaan,Bahasa, nilai agama dan moral, fisik motorik, kognitif, sosial emosional.
KOMPETENSI DASAR
INDIKATOR
KEGIATAN PEMBELAJARAN
PENDIDIKAN NASIONAL KARAKTER BANGSA DAN KEWIRAUSAHAAN
METODE, MEDIA, SUMBER BELAJAR
PENILAIAN PERKEMBANGAN
ALAT
HASIL
·      Pembiasaan (Sosial Emosional) anak mampu berbaris masuk kelas secara sopan, mengucap doa, dan mengucap salam




·      Anak mampu menyebutkan bermacam-macam binatang yang ada di lingkungan sekitar
·      Dengan mengenal ciri-ciri binatang diharapkan anak dapat tumbuh kasih sayangnya terhadap binatang sebagai makhluk ciptaan Tuhan
·      Anak dapat menyayangi binatang sebagai makhluk ciptaan Tuhan





·      Anak dapat menyanyikan lagu dengan baik dan benar

·      Anak dapat mengembangkan kemapuan fisik motoriknya
















·      Anak mampu menjelaskan kembali pembelajaran yang dilakukan tadi
·       Anak mampu berdiskusi tentang pembelajaran yang disampaikan tadi dan menyiapkan pembelajaran besuk






·      Pembiasaan (Sosial Emosional) anak mampu mengucap doa  dan mengucap salam






·      NAM
Membiasakan doa sebelum dan sesudah kegiatan



·     Bahasa
Menyebutkan bermacam-macam kata benda yang ada di lingkungan sekitar






















·      Bahasa
Menyanyikan lagu secara lengkap


·      Fisik-Motorik
menebalkan huruf dan mewarnai gambar
·      Membuat origami 




·      Sosial Emosional
 sabar menunggu giliran
·         NAM
Membiasakan doa sebelum dan sesudah kegiatan
·      Sosial Emosional
 Mengajak teman bermain



·      Bahasa
 Menerima pesan sederhana dan menyampaikan pesan dengan runtut



















·         NAM
Membiasakan doa sebelum dan sesudah kegiatan

I.     PEMBIASAAN (PRA KEGIATAN) ± 15 menit
·          Berbaris masuk kelas
·          Salam
·          Berdoa




II.  KEGIATAN AWAL ± 15 menit
·         Apersepsi (menyebutkan binatang yang dipelihara oleh anak)



·         Orientasi (guru menjelaskan karakteristik binatang agar anak memahami dan menyayanginya)




·         Motivasi (guru memberikan motivasi dan dorongan kepada peserta didik agar menyayangi binatang)

I.                  III.    KEGIATAN INTI ± 60 menit
·         Menyanyikan lagu “Kancil anak nakal”



·         Menebalkan huruf dan mewarnai Kancil

·         Mendongeng cerita bahasa jawa “merak lan kancil”

II.               IV. ISTIRAHAT ± 30 menit
·         Cuci tangan, berdoa, makan bersama



·         Bermain



III.            V. KEGIATAN AKHIR ± 15 menit
·      Review (guru mengulang kembali pembelajaran yang telah disampaikan)



·       Diskusi tentang kegiatan hari ini dan besok










VI.    PEMBIASAAN (PASCA KEGIATAN) ± 15 menit
·         Berdoa

·         Salam
·         Pulang




Disiplin

Toleransi
Religius






Komunikatif






Peduli lingkungan









Komunikatif









Komunikatif




Komunikatif



Komunikatif















Komunikatif





Komunikatif














Religius

Toleransi



Guru

Guru
Guru






Tanggung jawab,Guru





Demonstrasi, anak langsung, Guru







Demonstrasi, anak langsung, Guru







Guru, anak langsung



Anak langsung



Demonstrasi, guru, anak langsung


·   Bekal makanan, tempat cuci tangan, lap

·   Alat permainan indoor dan outdoor


Demonstrasi, anak langsung, Guru



Demonstrasi, anak langsung, guru












Guru

Guru



Observasi

Observasi
Observasi






Percakapan






Percakapan









Bercakap-cakap








Unjuk Kerja



Unjuk kerja


Observasi














Bercakap-cakap




Bercakap-cakap













Observasi

Observasi



Surakarta,
18 Desember  2012
Mengetahui,
Kepala Sekolah                                                                                                                                                                       Guru


( NURBIYANTI )                                                                                                                                                     ( RIRIN LISTYAWATI)



separador

1 komentar:

farisoborny mengatakan...

Casino - Dr. MCD
The Hotel Casino in Ridgefield is the 김제 출장마사지 first in Illinois to introduce interactive 고양 출장샵 gaming experience with the 제주도 출장안마 gaming industry. The resort 양산 출장샵 features more than 200  Rating: 4.5 · ‎2,071 reviews · ‎Price range: AUD 대구광역 출장샵

Posting Komentar

Followers